Searching...
Sunday, June 14, 2015

Rerengengan Tembang Dolanan Anak Kampung Nelayan



re·ngeng vme·re·ngeng-re·ngeng vbernyanyi-nyanyi kecil dng suara pelan (tidak jelas kata- katanya) dan santai; bersenandung: suara tembang ~ yg berirama lembut. (Sumber)


Sebagai anak seorang nelayan, sangat istimewa rasanya bila bisa dekat dan bercengkerama dengan bapak setiap hari, tapi itu sungguh sangat tidak mungkin. Paling kita hanya bisa bertemu 3 sampai empat hari saja, dan itu pun sering terlewatkan dengan kegiatan dia prepare untuk keberangkatan berikutnya. Kita bisa kumpul dan ngobrol saat membantu kegiatannya sepulang sekolah. Selebihnya 9 sampai 15 bahkan 20 hari lebih kami tidak ketemu lagi, karena keberangkatan perahunya melaut menangkap ikan.

Justru kedekatan yang begitu mesra hanya teringat saat saya sedang sakit, ya! Saat itu masih kelas 2 SD saya demam tinggi dan kebetulan bapak sedang tidak melaut, dia ada di rumah. Semua pekerjaan untuk prepare keberangkatan hari berikutnya didelegasikan kepada anak buah yang bisa dia percaya.
Dari pagi, siang, malam hingga pagi lagi aku tak lepas dari dekapannya. Entah itu di gendong atau di keloni saat tidur tak terlepas dari peluk dan dekapnya (matur suwun pak.... 😘).
Dan anehnya dalam waktu tak lebih dari 24 jam aku langsung sembuh, tak seperti saat sakit demam dan bapak tidak berada di rumah. Bisa 3-4 hari baru bisa sembuh (ra sah baper, sedari kecil orang tuaku tinggal bapak, dan kalau bapak melaut aku diasuh nenek dan kakek).

Yang membekas hingga kini adalah saat dalam dekapannya bapak sering rerengengan tembang jawa Dempo





JAMURAN kanthi titiraras Sl. Pathet Sanga.

Jamuran ya gé gé thok
Jamur apa, ya gé gé thok
Jamur gajèh mbegi-gigèh
Saara-ara

Jamuran: Tuwuhipun mangsan, kanggé sanépanipun laré. Wiwit laré (lahir) ngantos dumugi diwasa, laré wau ngalami pinten-pinten mangsa, upaminipun: kemrusuh, kemratu-ratu, dumolan, birahi lan salajengipun

Gé gé thok: Saben sumantuning mangsa, tiyang sepuh kedah tansah waspada sampun ngantos katalompèn (wontenipun kedah amung agé-agé thok) nyaluraken dhateng bakating laré.

jamur apa: Punapa ingkang dados bakating laré wau tiyang sepuh kedah mangretos.

Ya: Iya, manawi sampun mangretos punapa ingkang dados bakating laré, tiyang sepuh kedah sarwa “iya”, laré sampun ngantos dipun peksa mituruti kekajenganipun tiyang sepuh.

gé gé thok: Idhem “gé gé thok”

Jamur gajèh: Manawi sampun terang tuwuh jamur gajèh

Mbegigèh: Mbegigèh ing mriki suwantening kuda, tiyang kathah mestani gumujeng.

sa ara-ara: Ngrembaka

Dados punapa ingkang dados bakating laré, tiyang sepuh kantun tumut ngrabuk, mangké bebathènipun temtu matumpa-tumpa (ngrembaka) nyenengaken.


DHEMPO kanthi titiraras Sl Manyura (saget Pl Barang)

dhempo talu tamèng
nalajaya numbak cèlèng
keris bengkung tumbak bengkung
nalajaya di telikung
ciyèt ciyèt ciyèt ciyèt

Dhempo
Wonten ingkang nyariyosaken, ingkang leres ‘dhem-pul’ pikajengipun = adhem-adhem arep kumpul (tiyang jaler)
talu = Sawek badhé nuthuk

tamèng = Ingkang èstri mboten purun (tamèng piranti kanggé nangkis)

nalajaya = Mangka manah sampun kelajeng makantar-kantar

Numbak cèlèng
Cèlèng = cèlèngan utawi blèwèhan. Numbak cèlèngan = numbak blèwèhan.

Keris bengkung tumbak bengkung
Ingkang èstri nerangaken = ora wurung iya mung arep nyuduk bengkung = tegesipun sawek manak énggalan.
Tiyang manak kala rumiyin, menawi sampun saged mlampah temtu nganggé bengkung (kados déné setagèn langkung panjang keker) perlunipun padharan sageda wangsul alit malih.

Nalajaya di telikung
Kanthi sekiyat-kiyatipun tiyang jaler kedah saged nelikung (meper) manah ingkang makantar-kantar wau.

Ciyèt ciyèt ciyèt ciyèt
Mboten kétang manukipun tansah ciyèt ciyèt nedha loloh



CEMPA ROWA, kanthi titiraras Sl. Sanga.
Cempa rowa pakananmu apa rowa
Pupu gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecibong jarané jaran bopong
Sing mayungi dhunuk dhuplong
Èjrèg ènong èjrèg égung
Èjrèg ènong èjrèg égung
Cempa rowa
Cempa punika namaning pantun. Rowa punika ngambra-ambra. Kajengipun kados pundi pantun sagetipun ngambra-ambra (tumrap tiyang tani)

Pakanamu apa
Punapa syarat-syarataipun?

Pupu gendhing
Pupu gendhing punika pupu ayam, menggah kajengipun: tiyang kedah kados pupu ayam, inggih punika wiwit énjing umun-umun mandhap saking patileman sedinten muput tanpa kèndel

Rowang rawing
Paribasanipun ngantos rowang rawing (kèklèk)

Bong kecebong
Kedah wantun kados kecébong, inggih punika wani dhateng toya.

Jarané jaran bopong
Tumpakanipun kedah dhipun bopong rumiyin (inggih punika garu lan waluku)

Sing mayungi dunuk duplong
Ingkang ngreksa (mayungi/jamin) tiyang èstri ingkang dipun tresnani, inggih punika bojo, ngintun tetedhan, ngombé lan sanès-sanèsipun.

Èjrèg ènong èjrèg égung
Lan kedah tansah seneng manahipun, mboten ngresula.







TÉ KATÉ DIPANAH kanthi titiraras Sl Manyura.
Té katé dipanah, dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhé-ondhé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri bombok mbok sri katé
Té katé
Leresipun tekadé (tékad)

Dipanah
Dipun pejahi tegesipun tékadé dipun pejahi utawi ora duwé tékad.

Dipanah ngisor gelagah
Lajeng dados tiyang jirèh uatwi clingus, kénging dipun wastani ‘wedi uwong’, amargi glagah punika thukulipun panggénan ingkang mboten naté dipun ambah tiyang, mangka punika wonten ngandhapipun.

Ana manuk ondhé-ondhé
Ondhé-ondhé punika sami kaliyan ngina (menghina) sok wonten tetembungan si Suta kaé ora ken diondhé-ondhé, tegesipun si Suta kaé ora kena dihina kosok wangsulipun kena di ‘ndhé-ondhé’ tegesipun kena dihina sami kaliyan: tansah dadi penginaan menggah pikajenganipun: manuk waé ngina, punika sami kaliyan: tiwas digeguyu pitik.

Mbok sri bombok mbok sri katé
Mbok sri punika = pantun = pangan = rejeki;
bombok punika awon, katé punika alit.







Sebenarnya tembang ini merupakan tembang yang baru saya kenal ketika pindah ke Jogja (bukan merupakan tembang dolanan saya waktu kecil).

KEMBANG JAGUNG (kanthi titiraras Sl. Pathet Nem).

Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jèjèr telu sing tengah bakal omahku
Kempa munggah guwa
mudhun nyang bon raja
Methik kembang soka dicaoské kanjeng raja
Mundur kowé ajur, maju kowé tatu
Jokna sabalamu ora wedi sudukanmu
Iki lho dhadha satriya
iki lho dhadha Janaka

Suraosing tembang-tembang salebeting dolanan kasebut nginggil, punika isi aturipun para kawula dhateng ratunipun ingkang mboten saget kadumugèkaken gandhèng sesambetanipun kawula lan ratu angèl sanget (nalika taksih jaman kerajaan), menggah kawedala mekaten aturipun.

Sinihun, (kembang jagung punika naminipun sinuhun) nagari kita punika dumunung wonten sapinggiring margi ageng (antawisipun samudra/lautan Teduh lan Samodra Indonesia).

Jèjèr tiga ingkang tengah vadhé kita kuwaosi (Asia Besar ----- Nusantara----- Australia).

Sumangga dipun rebat kanthi brontak (hura-hara/prakempa), manawi gegaman kita kawon kiyat, prayogi mawi gelar ènjèr/gerilya (kempa munggah guwa).
Wiwit sapunika sumangga ngempalaken kawula ingkang dumunung wonten ing bawah dalem (mudhun nyang bon raja).

Methik kembangsoka gusti, inggih punika mamèt sukaning kawula kagem paduka (dicaoské kanjeng raja).

Kawula sedaya mboten badhé ajrih, mbok ngriku ngerahaken sedaya wadyanipun, kita mboten badhé ajrih suka dukanipun menawi ngrika majeng tentu tau, manawi ngriku mundur temtu ajur, kita sedaya punika tedhak turuning satriya.(Sumber)





DHÈNDHÈNG KENTHING kanthi titiraras Sl. Nem.

Dhendhèng kenthing -ting, ambelonthang -tang
Kakang mendhak yèn mendhak ulung-ulungan
Jenang séla tan gendhis nawi kalapa, (a o a)
Raosena kumetép lidhah kawula
Jahé alas kecipir wungu godhongé, (a o é)
Rowa rawé pengantèn ketemu soré

Dhèndhèng kenthing
Dhèndhèng punika ulam ingkang sampun garing utawi sampun dipun simpen dangu.
Kenthing punika pipih ingkang dipun anggé tiyang èstri ingkang pinuju nggarap sari (bulanan). Menggah kajengipun: kenthing ingkang sampun dipun simpen lami, kanggé ngibarataken tiyang èstri ingkang sampun mboten nggarap sari.
ambelonthang Amblunthah = kok taksih belunthah.

Kakang mendhak Ka – kang = saka lakang lajeng medak
Yèn mendhak ulung-ulungan Menawi sampun medak adatipun lajeng ulung-ulungan = enya thèk aku, endi thèk amu.

Jenang séla tan gendhis gula kalapa
Jenang séla = apu = injet = pethak; tan = ora; gendhis = mawi kalapa perlu dipun terangaken = toyanipun tiyang èstri punika dipun gambaraken warni abrit, déné toyanipun tiyang jaler punika dipun gambaraken warni pethak. Mila tiyang jawi kathah ingkang ngluhuraken warni abrit lan pethak (jenang abrit pethak lan sanès-sanèsipun).

Nanging ing ngriki rèhning kanggé nggambaraken tiyang èstri ingkang sampun mboten nggarapsari, mila dipun sanépakaken ‘ora abang putih’ utawi wis ora abang putih mung kari putih thok = kaya apu. Menawi tiyang èstri sampun mboten nggarapsari pijer ulung-ulungan ngandhap lakang punika lajeng ……

Raosena kumetèp lidhah kawula Ingkang kanggé ngraosaken punika sampun kumetèp (lidhah, nanging sanès lidhah nginggil) sampun mboten éca; kawula = ngèngetana manawi kawula, prayogi lajeng….

Jah̩ wana Jah̩ = jah Р̩ = pejah̩; wana = kasowana = kapasrahna.
Dados jahé wana punika = pejahipun utawi pejah panjenengan kula aturi masrahaken dhumateng ingkang murbèng gesang.

Kacipir wungu godhongé Ngèngetana manawi panjenengan sampun kados kecipir ingkang sampun wungu godhongé (sampun sepuh).

Rowa rawé pengantèn ketemu soré Sampun ngentosi menawi sampun rowang rawing mindhak kados pengantèn ketemu soré (kasèp namanipun)



Tembang dolanan. Setiap karya tentunya mempunyai maksud dari penciptaan karya tersebut. Lagu Koning-koning menurut Rahayu Supanggah ditafsirkan sebagai wujud kritik sosial kepada penguasa.

koning-koning kawula, kaé lara ...  kaé lara ....
ngentèni si kodhok langking,
ndhok siji kapipilan, ndhok loro kecombaran
dhoyak-dhoyak tawon boni ni... ni....ni...ni....
cangkir cendhana,
kiwa mbang cepaka
sisih mbang telasih
sabuk bara kayu loka bung kecibung,
gentalung mentiyung, nèblem
lir... gunalir byar
segelung-gelung malang
segelung-gelung kondhé,
ambuné walang kudhèdhèr
asesondhèr, angelèwèr 

Terjemahan bebas: 

Koning-koning kawula kaé lara (Eh para bangsawan, wakyatmu itu sedang sakit)
Ngentèni si kodhok langking (menunggu katak hitam)
Endhog siji kapipilan (telur satu juga tak utuh)
Endhog loro kacombaran (dua telur juga rusak)
Dhoyak-dhoyak tawon boni (berdatangan seperti lebah)
Nini cangkir cendhana (nenek cangkir cendana)
Kiwa mbang cempaka (kiri bunga cempaka)
Sisih mbang telasih (sisi lainnya bunga Telasih)
Sabuk bara kayu loka (sabuk bara=tanda pangkat, kayu loka= jenis senjata )
Bung kecibung (suara percikan air)
Gentalung nèblem (bertingkah bebas dibiarkan)
Lir gunalir byar (seperti sudah kebiasaan)
Segelung-gelung malang, segelung-gelung kondhe (semau-maunya sendiri)
Ambuné walang (perhatiannya hanya semu, walang = uwal ilang “pergi hilang”)
Akedhèdhèr sesondhèr angalèwè (lalu mencari kesenangan lainnya)

Kritik yang tersirat dalam tembang ini menurut Rahayu Supanggah,

“Hai para raja atau bangsawan, lihatlah para rakyatmu yang pada menderita.
Mereka itu hanya mengharapkan datangnya katak hitam, katak buruk yang tidak ada manfaatnya dan ngak enak dimakan seperti layaknya kata hijau, namun apa hasilnya?
Anak yang semata wayangpun kamu ambil, dan telah banyak anak-anak kami lainnya yang kamu rusak, atau kamu lecehkan.
Kamu datang ramai-ramai bagai lebah yang hanya ingin menghisap madu.
Kepada keluarga kami kamu janjikan sebuah kedudukan dan kebahagiaan.
Kamu janjikan dan berikan madu di tangan kirimu, sedangkan di tangan kananmu kau berikan racun. Sekali lagi kamu menjanjikan kedudukan atau kepangkatan.
Tapi yang kamu inginkan sebenarnya hanyalah anak perempuan kami yang cantik.
Kamu hanya ingin menikmati mereka yang cantik yang bersanggul dan berkonde dengan akal busukmu.
Sedangkan bagi mereka, wanita-wanita itu hanya mendapatkan malu yang luar bisa, bagaikan bau busuknya walang sangit yang tersebar kemana-mana.
Sedangkan kamu para raja dan kronimu, hanya akan pesta dan terus bersenang-senang dengan menari-nari dan kemudian akan meninggalkan mereka, para wanita itu, para anak keluarga kami, tanpa disertai dengan rasa tanggung jawab.” (Supanggah, 1996: 9)

Peran serta para budayawan dalam mengawal kehidupan berbangsa dan bernegara sangat penting memberi pelajaran moral bagi setiap kita. rdr Supanggah, Rahayu. 1996. Seni Tradisi, bagaimana ia berbicara ? Makalah disampaikan pada penataran peneliti madya. Surakarta: STSI Surakarta.

Sumber

0 comments:

Post a Comment

 
Back to top!